Froggy Jumps Wangsulana pitakon kanthi milih jawaban sing bener!Online version Soal kelas XII SMK by Galih Turut Wigati 1 Tuladha basa krama alus yaiku.... a Mangga sami dipundhahar! b Agemane bapak durung disetrika c Panjenengan wis maos layangku? 2 Tuladha basa ngoko lugu.... a Saiki ibu lan bapak isih durung rawuh b Ngapunten, kula lan adhik bidhal rumiyin c Mau bengi kowe dolan menyang endi? 3 Tuladha basa krama lugu.... a Pakdhe kula sampun kondur saking kecamatan b Pakdhe kula dereng wangsul saking kelurahan. c Pakdhe nembe kemawon tindak dhateng kantoripun 4 "Nalika adhik………. aku ya………., lan ibu uga……….” Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguhe yaiku.... a mangan-mangan-dhahar b nedha-nedha-dhahar c mangan-mangan-nedha 5 Ibu………. kula, kula lajeng………. bapak." Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguhe … a ngundang-nimbali b nimbali-nimbali c nimbali-ngaturi 6 Nalika Bapak dhahar, adhik tumut nedha ugi. Iki mawa basa.... a krama lugu lan krama alus b krama alus lan ngoko lugu c krama alus lan krama lugu 7 Ing basa krama lugu (madya) iku, tembung kowe owah dadi... a tetep kowe b sampeyan c panjenengan 8 Ing basa krama lugu, tembung duwe owah dadi.... a Tetep duwe b Kagungan c Gadhah 9 Tuladha basa ngoko alus sing bener.... a Sampeyan gelem turu kene mbak? b Sampeyan gelem sare mriki mbak? c Panjenengan kersa sare kene mbak? 10 Ing basa ngoko alus, tembung lunga owah dadi.... a Kesah b Budal c Tindak 11 "Yen kowe mengko ………. dhuwit, dhuwite langsung ………. simbah." Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguhe …. a diwenehi-caosna b diparingi-caosna c diparingi-sukakna 12 Ing ngisor iki basa sing kurang trep karo unggah-ungguhe.... a Ibuku sesuk arep tindak menyang Bandung b Tindakku wingi bareng karo bapak ibu guru c Wekdal eyang sare, adhik dolanan piyambak 13 Titikan basa ngoko lugu utawa wantah yaiku.... a tembunge ngoko kabeh b tembunge ngoko kecampuran krama c ater-ater dikramakake 14 "Sesuk sida nonton bal-balan tah? Terus budhale jam pira?" Iki mujudake.... a Guneme bocah padha bocah (sapantaran) b Guneme wong-wong tuwa marang wong enom c Bocah cilik sing durung bisa guneman cetha 15 “Wektu nggone Pakdhe kagungan kersa, sampeyan apa ora ngerti?” Ukara iku nggunakake basa apa? a Ngoko alus b Ngoko lugu c Krama lugu 16 Tuladha basa ngoko alus sing bener.... a Ibu tindak pasar esuk mau b Ibu tilem ing kamar ngarep c Bapak lunga menyang Solo 17 Ing basa krama lugu (madya) iku, tembung turu owah dadi.… a Nyipeng b Sare c Tilem 18 Ing basa krama alus iku, tembung duwe owah dadi... a Kagungan b Gadhah c Duwe 19 Anekdot iku mujudake sawijine… a Cerita cekak lucu, agawe guru b Cerita cekak lucu, kanggo kritik c Cerita cekak kang isine gojegan 20 Tuladha tembung akronim …. a Wamil = wajib militer b Kudis = kurang disiplin c Lunglit = balung kulit 21 Tuladha anekdot lisan …. a Camat : calon mlarat b Guru= digugu lan ditiru c Burnas = bubur panas 22 Anekdot iku digawe kanthi tujuan kanggo … a Bedhekan b Cekakan c Nyindir/ngritik 23 Crita sing ringkes, lucu, narik kawigaten, nyenengake nanging uga nduweni maksud, uga sindiran diarani . . . . a Cerkak b Pacelathon c anekdot 24 Tuladha tembung kerata basa …. a Kurap = kurang rapi b Ling cik tu = maling mancik watu c Kursi = ukurane wong siji 25 Teks Anekdot iku nggambarake …. a Kedadean utawa pawongan kanthi sengaja b Kedadean utawa pawongan samar-samar c Kedadean utawa pawongan sing satemene 26 Ibuku seneng mangan rujak cingur Ukara ing dhuwur menawa diowahi ngoko alus dadi….. a Ibuku seneng nedha rujak cingur b Ibuku seneng dhahar rujak cingur c Ibuku remen dhahar rujak cingur 27 Mulihe ibu lan bapak isih mengko sore Ukara ing dhuwur menawa diowahi dadi krama lugu yaiku…. a Wangsule ibu lan bapak taksih mangkih sonten b Kondure ibu lan bapak taksih mangkih sonten c Wangsule ibu lan bapak isih mangkih sonten 28 Lungane pakdhe jam sanga esuk mau Ukara ing dhuwur menawa diowahi basa krama alus dadi….. a Kondure pakdhe tabuh sanga esuk wau b Tindake pakdhe jam sanga enjing wau c Tindake pakdhe tabuh sanga enjing wau