Froggy Jumps latihan Paribasan Bebasan SalokaOnline version Uji kemampuanmu babagan paribasan lan bebasan ing basa Jawa kelas 8. by Dian Sulistyani 1 Ing ngisor iki kang kalebu unen-unen basa jawa, kejaba.... a Paribasan b Bebasan c Geguritan 2 Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani.... a Paribasan b Bebasan c Saloka 3 Unen-unen sing isine arupa menungsa diumpamake kewan utawa barang yaiku.... a Paribasan b Saloka c Bebasan 4 Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku.... a Diwenehi ati ngrogoh rempelo b Nututi layangan pedhot c Kebo nusu gudel 5 Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese .... a nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa b karepe ngirit nanging malah entek akeh c nduweni pengin barange kanca 6 Becik ketitik ala ketara, tegese .... a wong tuwa njaluk warah wong enom b bia njunjung drajate wong tuwa c tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan 7 Esuk dele sore tempe, tegese .... a ora teteg atine, gampang molah-malih (Mencla-mencle) b akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana c uripe tansah kuwatir 8 Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku .... a Kebo nusu gudel b Kebo kabotan sungu c Kebo mangan suket 9 Ing ngisor iki sing kalebu ukara paribasan yaiku... a Asu rebutan balung b Becik ketitik, ala ketara c Mlakune kaya macan luwe 10 Rukun agawe santosa, crah agawe .... a bubrah b susah c bungah