Froggy Jumps PawartaOnline version Garapen kanthi tliti by novi amalyanasari 1 Apa kang diarani pawarta? a Informasi kang disiarake lumantar media cetak, siaran, lesan lan internet b pocapan utawa tulisan sing isi awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh c Informasi ngenani sawijine barang kang ditawakake 2 Miturut sranane, wujude pawarta bisa kaperang dadi papat, kajaba .... a Cithak b Gambar c Siaran 3 Pawarta kang kawedharake kanthi media cetak bisa awujud ariwarti utawa kalawarti yaiku .... a Lesan b Siaran c Cithak 4 Pawarta kang awujud siaran, bisa arupa audio utawa audio visual kayata pawarta kang disiarake lumantar radhio utawa televisi, yaiku ... a Cithak b Siaran c Lesan 5 Pawarta kang lumantar internet bisa maneka warna wujude, bisa awujud website, blog, media sosial, utawa bisa uga awujud podcast. ing ngisor iki kang kalebu media sosial yaiku ... a Filmora b Twitter c Quizizz 6 Pawarta iku langsung dicritakake dening pawongan siji marang liyane, kalebu pawarta ... a Lesan b Siaran c Internet 7 Yen neng basa Jawa, pawarta cithak iku ana 2 wujude. Ana kang diarani ariwarti lan kalawarti. kang diarani ariwarti yaiku ... a pawarta kang metune saben sasi b pawarta kang metune saben dina c pawarta kang metune saben minggu 8 Kang kalebu pawarta kang dicithak saben dina yaiku ... a Panjebar Semangat b Joko Lodhang c Suara merdeka 9 Kang diarani kalawarti yaiku ... a pawarta kang metune saben wulan b pawarta kang metune saben dina c pawarta kang diwedharake ing media sosial 10 Kang kalebu pawarta kang dicithak saben wulan yaiku ... a Solo pos b Jaya baya c Suara merdeka 11 Wacanen ukara ing ngisor iki. "Kanggo mudha-mudhi jaman saiki, tari iki isih tetep nyambung. Namung wae amerga akehe tari modheren, tari iki rada kesingkir. Nanging tetep kita lestarekake." Dudutan kang bisa kajupuk saka ukara ing ndhuwur yaiku ... a tari tradhisional tetep kudu dilestarekake ing jaman modheren b tari modheren luwih ngrembaka katimbang tari tradhisional c tari modheren tradhisional tetep ngrembaka ing jaman modheren 12 Perangan kang wigati ing pawarta kang manggon ing kawitaning pawarta diarani..... a Headline b Dateline c Lead 13 Pawarta kang wis dimangerteni papan panggonan lan wektu kedadeyane diarani pawarta a dadakan b dinan c crita 14 Pawarta kang urung dimangerteni papan panggonan lan wektu kedadeyane diarani pawarta ... a dadakan b dinan c crita 15 Pawarta kang ora diwatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake diarani pawarta ... a dadakan b dinan c crita 16 Perangan pawarta kang nuduhake media massa kang nggiyarake, papan panggonan, lan wektu diwartakake, diarani ... a headline b dateline c lead 17 Gatekna pwarta iki! "Nalika banjir mawon ing dina Rabu, 13 Januari 2020 sajroning wengi sampun takon..." pethilan pawarta kasebut nuduhake unsur 5W+1H, yaiku unsur ... a what b when c why 18 Gatekna pethilan pawarta iki! "Desa ing tlatah paling wetan Kabupaten Bantul, Desa Jatimulyo, Kecamatan Dlingo sadhela maneh bakal nduweni panggonan wisata sejarah..." Pethilan pawarta kasebut nuduhake unsur pawarta yaiku ... a what b when c where 19 "Ing kabupaten Pati, ana kirab bendera sing gede banget kaya 100 meter lan lebar 3 meter...." Pethilan pawarta kasebut nuduhake unsur pawarta kaya ing ngisor iki, kajaba .... a what b where c how 20 Pawarta iku isine kabar/informasi ngenani sawijining prastawa kang anyar lan penting kang kudu kagiyarake kanthi objektif, bener, lan cepet. Tembung objektif tegese ... a miturut opini manungsa b apa anane miturut kedadeyan c kritikan saka manungsa